Posted in Uncategorized

Ngalih….

Date August 11th, 2007 Comment No Comments

Assalamualaikum,

Nyong wes ngalih nang blog baru.

Yok mampir nang www.monggo-mampir.blogspot.com

Ketemu nang kono waeylah yo….

 

Posted in Uncategorized

Kamus Bohoso Jowo

Date July 20th, 2007 Comment 2 Comments

Asssalamualaikum,

Wes suwi jugak orak nolis nang kene.

Aku wes ketemu Kamus Bohoso Jowo - Bohoso Indonesia nang ‘link’ iki; http://www.geocities.com/sesotya_pita/bausastra/kamus/kamus_jawa.htm. 

Wes tak golek’e jugak seng kamus Bohoso Jowo - Bohoso Malaysia tapi orak ketemu.

Orak opolah. Iki pun podo waey. Sekurang-kurange keneng jugak digawe rujukan. Mugo mugo ‘link’ kuwi okeh pa’edahe.

:)

Posted in Uncategorized

Sajak Kontot - Kuwilah Opisku

Date June 9th, 2007 Comment 11 Comments

Kuwilah opisku.

Kuwilah mejoku.

Kuwilah kerusi jagonganku.

Kuwilah…….

 

[OK opo orak sajak kontotku kuwi. He he he]

Posted in Uncategorized

Wetenge lueh….

Date May 16th, 2007 Comment 11 Comments

Sore-sore koyok ngene, lueh pulak wetenge. Padahal mau wes mangan sego karo lauk sadin & sayur kacang dowo & ati ayam.
Nek entok mangan lempeng tutul karo sambel tumis bilis, orak pun pentul-pentul bilis tutul karo sambel tumis…Lawane kopi 434. Perghh…. ngayah tenan….!

Posted in Uncategorized

Yaie Ngomong……

Date May 2nd, 2007 Comment 21 Comments

Mbien, wes suwi, aku ijek bocah,

Arwah yaie pernah ngomong,

Nek wes gedi mengko dadi DO.

Nek tuku kereto tuku seng putih.

Nek nggolek bojo nggolek wong seng ngetan.

Aku meneng waey.

 

Sa’iki aku wes gedi, wes bujang,

Aku metu universiti terus mangan gaji karo wong Cino.

Jemu dadi kuli, aku mandek. Kerjo dewek.

Keretoku sa’iki biru kundang.

Kereto seng mbien abang.

Mambange pun dudu wong ngetan, malahan wong adoh, seberang lautan…

 

Posted in Uncategorized

Blangkon

Date April 16th, 2007 Comment 11 Comments

Wah….! Nggarang tenan wong kuwi ngenggo blangkon karo batik Jowo. Wong nek wes nggarang, nggengo opo pun ketok nggarang. Ha ha ha. [Perasan tenan wong kuwi..!]

Keneng di enggo dhino bodo. Di enggo lungo kenduri karo jemuahan pun keneng….  :D

Posted in Uncategorized

Bontrot / Berkat

Date March 31st, 2007 Comment 14 Comments

Sego Ambeng / Bontrot

Gambar kuwi wes suwi. Kenduri arwahan nang kampung Muar. Wenak tenan nek entok mangan bontrot, sego ambeng. Sambel jowo goreng, iwak gesek, ayam semur, Mi goreng…..Pergh…..! Kemecer tenan…..

Cilik-cilik mbien, nek wong tuo lungo kenduri arwahan sanggup orak turu tunggu sampek wong tuo balik ngomah. Rebutan karo adik-beradik mbukak bontrot.

Ahh…. …Dadi lueh weteng ngey… Kangen pulak arek mangan ambengan.

Posted in Uncategorized

EMBOHLAH BOCAH SA’IKI

Date February 24th, 2007 Comment 84 Comments

Embohlah bocah sa’iki
Cilik-cilik ditatangi
Turuney diawasi dikemuli
Arek opo kabeh dituruti
Wes gedi wong tuo dilawani
Mengudul nek diseneni
Orak kerungu nek diomongi

Embohlah bocah sa’iki
Asal usuley wes lali
Sembayang sekali-sekali
Iso nyanyi orak iso ngaji
Serakalan wes orak reti
Nek wes buto jawi
Ngaji mboco seng rumi !

Embohlah bocah sa’iki
Emak bapak diakali
Merono merene emboh lungo endi
Metu sore balik bengi
Nang ngomah ngadepi tivi
Ndelok ViCiDi ndelok DiViDi
Magrib, Isya’ dilanggari

Embohlah bocah sa’iki

Posted in Uncategorized

Takwim / Kalender Jowo 2007

Date November 13th, 2006 Comment 83 Comments

Kalender tahun ngarep. 2007. Susah arek ngolek kalender jowo koyok iki enggon Kuala Lumpur. Seng iki tuku enggon Banting. Kabeh ono. Selain bulan jowo ono jugak bulan masehi karo bulan hijriah. Ono sekali waktu solat tapi waktu solat khas kawasan Kuala Langat waey…

Tahun lepas tuku jugak kalender jowo koyok ngono, tuku enggon Parit Jowo, Muar.

Wong jowo, ojo lali tuku kalender jowo 2007………..!

Posted in Uncategorized

Eidul Fitri….. Minal Aidil Wal Faiezin

Date October 18th, 2006 Comment 14 Comments

Endok puyuh endok itek
Endok ayam ngisor ompak
Bulan Ramadhan arek entek
Bulan Syawal wes cepak

Belah kayu karo kapak
Ngodok ketupat karo Wak Jali
Bulan Syawal wes cepak
Zakat fitrah ojo lali

Iwak kutuk iwak keli
Iwak layor akeh seng geli
Zakat fitrah ojo lali
Eidul Fitri setaun sekali

Tepung gandum di uli uli
Ngawe boulu rosonya asin
Eidul fitri setaun sekali
Njalok ngapuro lahir batin

Baju royo kain satin
Dituku karo bojo Wak Jalal
Njalok ngapuro lahir batin
Termangan terngombe njalok dihalal

Lepet pulut ketupat bantal
Godong kelopo di lap lap
Termangan terngombe njalok dihalal
Adat manuso selalu silap

Pantun iki hakcipto terpelihoro Jowopinter.Â